1 Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.
2 Ingsun bakal damel prasetyan ing antarane Ingsun lan sira, Ingsun bakal nangkarake sira nganti dadi akeh banget.”
3 Rama Abram tumuli sumungkem ing bumi, sarta dipangandikani dening Gusti Allah mangkene:
4 “Tumrap Ingsun yaiki prasetyaningSun karo sira, yen sira bakal dadi leluhure bangsa akeh.
5 Jenengira sabanjure aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Suntamtokake dadi leluhure golonganing bangsa.
6 Ingsun bakal ndadekake sira tangkar-tumangkar nganti akeh banget, temah sira bakal dadi bangsa pirang-pirang, lan sira bakal nurunake para raja;