13 Dadia kang lair ing omahira, dadia kang katuku sarana dhuwitira, kabeh iku poma padha sira tetakana, satemah prasetyaningSun iku ana ing dagingira dadi prasetyan kang langgeng.
14 Anadene wong lanang kang ora ditetaki, yaiku kang ora katetakan ikute, wong kaya mangkono iku katumpesa saka ing antarane wong-wong golonganing bangsane; iku ngrusak prsetyaningSun.”
15 Gusti Allah ngandika maneh marang Rama Abraham: “Sarai somahira iku aja sira sebut Sarai maneh, nanging Sara, iku dadia jenenge,
16 iku bakal Sunberkahi, dene sira iya bakal Sunparingi anak lanang patutan saka somahira iku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakal dadi ibune bangsa pirang-pirang, lan bakal nurunake para raja.”
17 Rama Abraham banjur sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng, pangunandikane: “Wong kang wus umur satus taun apa kelakon anak-anak, lan Sara kang wus umur sangang puluh taun iku apa iya bakal nglairake anak?”
18 Unjuke Rama Abraham marang Gusti Allah: “Mugi Ismael kemawon Paduka parengaken gesang wonten ngarsa Paduka!”
19 Nanging pangandikane Gusti Allah: “Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairake anak patutan saka sira, iku sira jenengna Iskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakake prajanjianingSun dadi prasetyan kanggo marang turun-turune.