24 Rama Abraham nalika supit yuswane sangang puluh sanga taun,
25 lan Ismael putrane disupiti nalika yuswa telulas taun.
26 Bareng sadina iku uga Rama Abraham anggone kasupitan karo kang putra Ismael;
27 lan sakehe wong lanang kang ana ing daleme, dadia kang lair ana ing kono, dadia kang katuku kalawan dhuwit saka bangsa liya, pada ndherek katetakan kabeh bareng karo panjenengane.