5 Jenengira sabanjure aja Abram, nanging Abraham, marga sira iku wus Suntamtokake dadi leluhure golonganing bangsa.
6 Ingsun bakal ndadekake sira tangkar-tumangkar nganti akeh banget, temah sira bakal dadi bangsa pirang-pirang, lan sira bakal nurunake para raja;
7 karodene Ingsun bakal nganakake prajanjian ing antarane Ingsun kalawan sira saturunira nganti turun-tumurun dadi prasetyan kang langgeng, supaya Ingsun dadi Allahira lan Allahe turunira.
8 Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”
9 Karodene pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham maneh: “Dene sira, sira netepana prasetyaningSun, iya sira dalah turun-turunira.
10 Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.
11 Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.