8 Sarta maneh sira lan turunira bakal Sunparingi tanah iki kang sira enggoni kayadene wong neneka, iya tanah Kanaan iki kabeh, dadi darbekira langgeng salawase, lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahe.”
9 Karodene pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham maneh: “Dene sira, sira netepana prasetyaningSun, iya sira dalah turun-turunira.
10 Iki prasetyaningSun kang kudu sira tetepi, prajanjian ing antarane Ingsun lan sira dalah turun-turunira, yaiku supaya sadhengaha panunggalanira kang lanang katetakana.
11 Sira padha netakana ikutira, iku kang minangka pratandhaning prasetyan ing antarane Ingsun lan sira.
12 Anak kang umur wolung dina iku katetakana, yaiku saben anak lanang ing antaranira nganti turun-tumurun, dalah kang dudu turunira kang lair ana ing omahira utawa kang dituku sarana dhuwit saka sadhengah bangsa.
13 Dadia kang lair ing omahira, dadia kang katuku sarana dhuwitira, kabeh iku poma padha sira tetakana, satemah prasetyaningSun iku ana ing dagingira dadi prasetyan kang langgeng.
14 Anadene wong lanang kang ora ditetaki, yaiku kang ora katetakan ikute, wong kaya mangkono iku katumpesa saka ing antarane wong-wong golonganing bangsane; iku ngrusak prsetyaningSun.”