19 Nalika Sang Yehuwah Allah wus karya sarupane sato-kewan ing ara-ara lan sarupane manuk ing awang-awang saka lemah, banjur padha ditekakake ana ing sangarepe manungsa, karsane supaya pirsa kapriye anggone bakal njenengake, lan jeneng kang diwenehake manungsa marang sadhengah kang urip mau, iya iku dadia jenenge.
20 Mangkono dadine manungsa menehi jeneng marang sarupane sato-kewan lan manuk ing awang-awang apadene marang sarupane sato ing ara-ara; mung manungsa kang durung duwe rowang kang sembada dadi jodhone.
21 Nuli Sang Yehuwah Allah ndadekake manungsa turu kepati, lan sajrone turu dipundhut igane siji, dene tilas panggonane balung iga mau diiseni daging.
22 Iga kang kapundhut saka ing manungsa mau banjur diwangun dening Sang Yehuwah Allah dadi wong wadon, banjur diajokake marang ing ngarepe manungsa.
23 Ing kono pangucape manungsa: “Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku, iku kaaranana wadon, awit kajupuk saka kang lanang.”
24 Mulane wong lanang bakal ninggal bapa-biyunge lan rumaket marang bojone, sarta sakarone iku bakal dadi daging siji.
25 Anadene manungsa lan bojone sakarone iku padha wuda, nanging ora rumangsa isin.