1 Kacarita Sang Yehuwah nuweni marang Ibu Sara, kaya kang wus dipangandikakake lan Sang Yehuwah karsa nandukake marang Ibu Sara kaya kang wus diprasetyakake.
2 Ibu Sara nggarbini sarta mbabar putra kakung patutan saka Rama Abraham nalika Rama Abraham wus sepuh, ing waktu kang wus ditetepake, cocog karo pangandikaning Allah marang panjenengane.
3 Putrane kang mentas miyos, kang miyos saka Ibu Sara, iku diparingi asma Iskak dening Rama Abraham,
4 sarta Rama Abraham banjur nyupiti kang putra Iskak, nalika yuswa wolung dina, ngetrepi dhawuhe Gusti Allah marang panjenengane.