10 banjur matur marang Rama Abraham: “Rencang tumbasan punika dalah anakipun panjenengan dhawuhi kesah saking ngriki, margi anakipun rencang tumbasan punika boten badhe tumut angsal warisan kaliyan anak kula Iskak.”
11 Atur mangkono iku ndadekake renguning galihe Rama Abraham, marga saka kang putra.
12 Nanging pangandikane Gusti Allah marang Rama Abraham: “Aja nganti dadi rengune atinira marga saka bocahe lan baturira; apa sapanjaluke Sara marang sira iku turutana, awitdene trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.
13 Ewasamono anake baturira iku iya bakal Sudadekake bangsa gedhe, marga iku iya wijinira.”
14 Esuke umun-umun Rama Abraham wungu, mundhut roti lan banyu saimpes diparingake marang Ibu Hagar katumpangake ing pundhake, mangkono uga si bocah, sawuse banjur didhawuhi lunga. Ibu Hagar tumuli mangkat, nanging lakune kesasar ana ing pasamunan Bersyeba.
15 Bareng banyune ing impes wus entek, bocahe banjur diselehake ana ing sangisoring grumbulan.
16 Ibu Hagar banjur menyat ndhewe sarta lungguh dohe watara sapamanah, pangunandikane mangkene: “Aku ora tegel ndeleng bocahe anggone arep mati.” Sawuse mapan lungguh, banjur ngulukake swarane lan nangis.