10 Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.
11 Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!”
12 Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”
13 Nalika Rama Abraham noleh, tumuli mirsa ing wingkinge ana wedhus gembel lanang kang sungune kecanthol ana ing grumbulan, banjur dipurugi dipundhut sarta banjur disaosake kagawe kurban obaran ijole kang putra.
14 Panggonan iku kawastanan dening Rama Abraham: “Sang Yehuwah kang nyadhiyani.” Awit saka iku nganti saprene ana tetembungan: “Ana ing gununge Sang Yehuwah bakal disadhiyani.”
15 Sang Malaekate Yehuwah nguwuh marang Rama Abraham saka ing akasa kaping pindhone,
16 pangandikane: “Ingsun supaos demi PanjenenganingSun piyambak, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- sarehne sira nglakoni kang mangkono iku, nganti ora owel masrahake anakira ontang-anting marang Ingsun,