5 banjur ngandika marang abdine loro: “Kowe karo kuldine padha karia ana ing kene, aku karo bocah iki arep mrana prelu sembahyang, sawuse iku aku bakal padha mbaleni kowe maneh.”
6 Rama Abraham tumuli mundhut kayune kurban obaran diemotake marang kang putra Iskak, sarta ngasta geni lan lading. Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.
7 Iskak banjur matur marang kang rama: “Rama!” Paring wangsulane Rama Abraham: “Ana apa ngger, anakku?” Ature kang putra: “Lah punika latu lan kajengipun sampun wonten, nanging cempe ingkang kadamel kurban obaran wonten pundi?”
8 Rama Abraham mangsuli pangandikane: “Mungguh cempe kang bakal kagawe kurban obaran iku Gusti Allah piyambak kang bakal nyadhiyani, anakku ngger!” Mangkono sakarone padha tindak sesarengan.
9 Sawuse padha tekan ing papan kang kadhawuhake dening Gusti Allah, Rama Abraham tumuli yasa misbyah ana ing kono, kayune banjur ditata, kang putra Iskak ditaleni sarta ditumpangake ing misbyah ing sadhuwure kayu.
10 Rama Abraham tumuli mulung astane ngasta lading, karsa nyembeleh kang putra.
11 Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!”