7 Rama Abraham banjur tumelung ana ngarepe bani Het, pendhudhuke tanah kono,
8 sarta padha dipangandikani mangkene: “Manawi panjenengan sadaya sami sarujuk, kula ngubur tiyang kula ingkang tilar donya, sumangga kula aturi mirengaken rembag kula: kula mugi panjenengan tembungaken dhateng sadherek Efron bin Zohar,
9 supados kula dipun paringana kagunganipun guwa ing Makhpela, ingkang kaprenah wonten in pungkasaning pasitenipun; guwa punika kaparingna dhateng kula sapintena reginipun, supados kenginga kula damel pakuburan pamijen wonten ing tengah panjenengan ngriki.”
10 Ing nalika iku Efron mbeneri linggih ana ing satengahe bani Het. Efron wong Het mangsuli marang Rama Abraham keprungu dening wong-wong bani Het, dening kabeh wong kang padha nekani ing gapurane kutha,
11 ature: Sampun ta, dhuh bendara kula, panjenengan piyarsakaken atur kula punika: Pasitenipun dalah guwanipun ingkang wonten ngriku kula aturaken dhateng panjenengan, kula aturi ngagem; wonten ing sangajenging para tiyang bangsa kula, punika kula caosaken dhateng panjenengan; kula aturi nyarekaken ingkang seda.”
12 Rama Abraham tumuli tumelung ana ing ngarepe pendhudhuk ing tanah kono,
13 sarta ngandika marang Efron karungu dening wong-wong mau: “Manawi sami dhangan, mugi atur kula punika kapiyarsakna! Kula badhe ngaturaken arta pangaosipun pasiten, mugi karsaa nampeni, ingkang tilar donya lajeng badhe kula patak wonten ing ngriku.”