Purwaning Dumadi 24:45-51 JAV

45 Mangka saderengipun rampung anggen kula munjuk ing salebeting batos, lah Ribkah kledhang-kledhang dhateng sarta manggul junipun, mandhap dhateng belik pados toya. Lajeng kula tembungi: Engger, bok aku kokwenehi ngombe!

46 Sanalika lajeng ngandhapaken junipun kaliyan wicanten: Sumangga panjenengan ngunjuk, dalah unta panjenengan inggih badhe kula ombeni pisan. Kula lajeng ngombe, unta kula inggih dipun ombeni pisan.

47 Kula tumunten pitaken: Kowe iku anake sapa? Wangsulanipun: Anakipun Bapak Betuel putranipun Embah Nahor patutan saking Embah Milka. Lajeng kula enggeni sesupe ing irungipun saha gelang ing tanganipun.

48 Kula lajeng jengkeng saha tumungkul sujud wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah saha ngluhuraken Sang Yehuwah Gusti Allahipun bendara kula Abraham, ingkang sampun ngirid lampah kula wonten ing margi ingkang leres, supados kula saged mendhet anakipun estri sadherekipun bendara kula punika kangge putranipun.

49 Dados samangke, manawi panjenengan sami karsa nandukaken katresnan saha kasetyan dhateng bendara kula, mugi karsaa paring katrangan dhateng kula. Dene saupami boten, kula inggih kaparingana katrangan, supados kula saged tumoleh mangiwa utawi manengen.”

50 Ing kono Laban karo Betuel padha mangsuli: “Prakawis punika pinangkanipun saking Sang Yehuwah, pramila kula sami boten saged matur punapa-punapa dhateng panjenengan, ingkang awon punapa ingkang sae.

51 Lah punika Ribkah wonten ngajeng panjenengan, panjenengan bekta lajeng panjenengan bidhal, dadosa garwaning putranipun bendara panjenengan, nyondhongi dhawuhipun Sang Yehuwah.”