13 Iki pratelane jenenge para putrane Rama Ismael, disebutake miturut urut-urutane laire: pambajenge Rama Ismael iku Nebayot, nuli Kedar, Adbeel, Mibsam,
14 Misyma, Duma, Masa,
15 Hadad, Tema, Yetur, Nafisy lan Kedma.
16 Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.
17 Anadene yuswane Rama Ismael iku: satus telung puluh pitu taun, banjur seda, kaklempakake karo para leluhure.
18 Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.
19 Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.