16 Iku kabeh para putrane Rama Ismael, lan jenenge iku miturut padhukuhane lan tarube, ratu rolas siji-sijine miturut golongane.
17 Anadene yuswane Rama Ismael iku: satus telung puluh pitu taun, banjur seda, kaklempakake karo para leluhure.
18 Pamanggone tedhak-turune mau ana ing wilayah wiwit ing Hawila nganti tekan ing Syur, kaprenah ing sawetane tanah Mesir ing urute Asyur. Anggone padha mapan dhedhukuh ana ing ngarepe para kadange.
19 Iki tedhak-turune Rama Iskak putrane Rama Abraham. Rama Abraham peputra Rama Iskak.
20 Lan Rama Iskak yuswa patang puluh taun nalika mundhut garwa Ibu Ribkah putrane Rama Betuel wong Aram asal saka Padan-Aram sadhereke Laban wong Aram.
21 Anadene Rama Iskak iku ndongakake garwane marang Sang Yehuwah, amarga kang garwa iku gabug; lan Sang Yehuwah nyembadani panyuwune, temahan Ibu Ribkah garwane banjur nggarbini.
22 Bareng bayine padha suk-sukan ana ing guwa-garbane, Ibu Ribkah ngunandika: “Manawa kaya mangkene yagene aku urip?” Banjur tindak nyuwun pitedah marang Sang Yehuwah.