31 Nanging Yakub mangsuli: “Wewenangmu dadi pembarep iku dolen marang aku dhisik!”
32 Wangsulane Esap: “Lah sadhela engkas aku bakal mati, apa kanggone duwe wewenang pembarep iku?”
33 Pangucape Yakub: “Sumpaha marang aku dhisik!” Esap banjur sumpah, lan wewenange pembarep diedol marang Yakub.
34 Yakub tumuli menehi roti lan mangsakan kacang abang marang Esap; sarta banjur mangan lan ngombe, sawuse tumuli maknyat lunga. Mangkono anggone Esap ngremehake wewenanging pembarep.