1 Rama Iskak banjur nimbali Yakub, diberkahi sarta diweling, dhawuhe: “Kowe aja golek sisihan bocah wadon Kanaan.
2 Tata-tataa, mangkata menyang tanah Padan-Aram, ing daleme Rama Betuel, ramane ibumu, lan goleka sisihan ana ing kana, panunggalane anake Laban sadulure ibumu.
3 Gusti Allah Kang Mahakawasa muga mberkahana kowe, lan didadekna bebranahan tangkar-tumangkara supaya dadi golonganing bangsa.
4 Muga kowe diparingana berkah kang kanggo Rama Abraham, iya kowe dalah turunmu, temah kowe bisa nduweni tanah iki, iya kang kokenggoni kayadene wong neneka, kang wus diparingake Gusti Allah marang Rama Abraham.”
5 Mangkono Rama Iskak anggone ndawuhi lunga Yakub; Yakub banjur mangkat menyang Padan-Aram, ing panggonane Laban putrane Rama Betuel wong Aram, sadulure Ibu Ribkah, ibune Yakub lan Esap.
6 Esap bareng weruh manawa Rama Iskak wus mberkahi Yakub, sarta didhawuhi lunga menyang ing Padan-Aram supaya golek sisihan saka ing kana -- ing nalikane mberkahi mau nganggo diweling: “Aja golek sisihan wong wadon bangsa Kanaan.” --
7 Karomaneh Yakub miturut marang dhawuhe kang rama lan kang ibu, tumuli mangkat menyang ing Padan-Aram,