16 Anadene Pak Laban mau duwe anak wadon loro, kang tuwa jenenge Lea lan kang nom jenenge Rakhel.
17 Lea iku mripate ora bening, nanging Rakhel iku tandang-tanduke luwes lan ayu rupane.
18 Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”
19 Wangsulane Pak Laban: “Pancen luwih becik dakwenehake kowe tinimbang karo dakwenehake wong liya, tetepa melu aku!”
20 Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.
21 Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”
22 Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.