18 Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”
19 Wangsulane Pak Laban: “Pancen luwih becik dakwenehake kowe tinimbang karo dakwenehake wong liya, tetepa melu aku!”
20 Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.
21 Sawuse mangkono Yakub tumuli matur marang Pak Laban: “Calon semah kula panjenengan paringaken, sabab wekdal ingkang katemtokaken sampun telas, supados kula lajeng saged emah-emah kaliyan Rakhel.”
22 Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.
23 Nanging bareng bengi Lea anake kang tuwa kang ditemokake karo Yakub. Yakub iya banjur sapaturon karo Lea.
24 Karodene Pak Laban iya nggawani Zilpa abdine wadon marang Lea anake, dadi abdine.