2 Nalika mulat ing sakiwa-tengene, nuli weruh ana sumur ing ara-ara, sarta ana wedhus telung pantha padha njerum ana ing sacedhake sumur mau, marga sumur iku panggonane wong padha ngombekake pepanthaning wedhuse, anadene watu tutuping sumur iku gedhe,
3 dadine samangsa sakehe pepanthan wedhus wus digiring nglumpuk mrono, pangon-pangone tumuli ngglundhungake watune saka ing cangkeme sumur, lan wedhuse diombeni, sawuse mangkono watune banjur dibalekake maneh kaya maune.
4 Yakub banjur ngaruh-aruhi wong-wong mau: “Para sadherek, sampeyan niku sami saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika sami saking Haran.”
5 Yakub nakoni maneh: “Napa sampeyan wanuh kalih Pak Laban, wayahe Embah Nahor?” Wangsulane: “Inggih tepang.”
6 Nuli padha ditakoni maneh: “Napa taksih sami wilujeng?” Wangsulane: “Inggih wilujeng, lah punika Rakhel putranipun estri, saweg dhateng nggiring mendanipun.”
7 Pangucape Yakub: “Lah niki rak taksih awan, dereng wayahe nggiring ta? Bok wedhuse sami diombekake, lajeng sami angon malih!”
8 Nanging wangsulane kang padha angon: “Kula sami boten saged tumindak makaten manawi panthanipun dereng sami nglempak sadaya; selanipun lajeng saweg dipun glimpangaken saking cangkemipun sumur, sarta mendanipun lajeng sami kula ombeni.”