26 Wangsulane Pak Laban: “Manut adat ing panggonanku kene, ora lumrah ngomah-omahake adhine ndhisiki mbakyune.
27 Srantekna pitung dina engkas anggonmu bebrayatan karo Lea, sawuse iku kowe iya dakwenehi sijine minangka opahe, anggere kowe saguh ngenger aku pitung taun maneh.”
28 Yakub iya banjur nglakoni mangkono, nutugake bebrayatane karo Lea nganti pitung dina; bareng wus ganep pitung dina tumuli iya diwenehi Rakhel anake, dadi somahe.
29 Karodene Pak Laban nggawani anake mau rewang wadon jenenge Bilha, dadi bature.
30 Yakub iya banjur sapaturon karo Rakhel uga, malah anggone nresnani Rakhel ngluwihi katresnane marang Lea. Kaya mangkono Yakub terus ngenger Laban pitung taun maneh.
31 Pangeran Yehuwah mirsa yen Lea ora ditresnani, mulane dibikak guwagarbane, nanging Rakhel gabug.
32 Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”