31 Pangeran Yehuwah mirsa yen Lea ora ditresnani, mulane dibikak guwagarbane, nanging Rakhel gabug.
32 Lea banjur ngandhut sarta nglairake anak lanang, kang dijenengake Ruben, pangucape: “Satemene Sang Yehuwah wus mirsani kasangsaranku, samengko aku mesthi ditresnani bojoku.”
33 Banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Pangeran Yehuwah mirsa yen aku ora ditresnani, mulane aku diparingi anak maneh.” Bocahe dijenengake: Simeon.
34 Sawuse mangkono banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Saiki bojoku bakal luwih cedhak marang aku, marga aku wus nglairake anak lanang nganti telu.” Mulane anake dijenengake: Lewi.
35 Wasana ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Sapisan iki aku bakal saos sukur marang Pangeran Yehuwah.” Mulane anake dijenengake: Yehuda. Sawuse iku kandheg anggone nglairake anak.