9 Sajrone isih guneman karo wong-wong iku, Rakhel tumuli teka nggiring wedhuse bapakne, marga dheweke kang dadi pangone.
10 Kacarita bareng Yakub ndeleng Rakhel, anake Laban sadulure ibune, lan wedhus-wedhuse, Yakub banjur nyedhaki lan nyingkirake watune saka ing cangkem sumur, sarta ngombeni wedhuse Pak Laban sadulure ibune.
11 Sawuse mangkono Yakub tumuli ngambung Rakhel lan nangis seru.
12 Yakub banjur nyaritakake yen isih keprenah ponakane bapakne, anake Bu Ribkah. Rakhel banjur lumayu aweh weruh marang bapakne.
13 Bareng Pak Laban krungu kabar yen Yakub iku anake sadulure, tumuli lumayu methukake, Yakub dirangkul lan diambung banjur diajak lumebu ing omahe. Yakub tumuli nyaritakake lelakone kabeh marang Laban.
14 pangucape Pak Laban: “Satemene kowe iku isih kulit dagingku dhewe.” Yakub anggone manggon ing omahe Laban wus ganep sasasi.
15 Sawuse iku Laban tutur marang Yakub: “Apa dupeh kowe iku isih sanak karo aku, anggonmu nyambut gawe ana ing kene iki tanpa bayaran? Bok tutura aku, kowe njaluk opah apa?”