1 Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”
2 Pangucape wong wadon marang si ula: “Wohe wit-witan ing patamanan iki kabeh kena bae dakpangan,
3 nanging tumrap wohing wit kang ana satengahe patamanan iki, ana dhawuhe Gusti Allah mangkene: Aja sira pangan, malah ndemok bae aja, supaya sira aja padha mati.”
4 Nanging si ula calathu marang wong wadon mau: “Boten-botenipun sampeyan sami pejah,
5 nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”