17 Sarta marang manungsa pangandikane: “Sarehne sira nuruti tembunge somahira sarta mangan wohing wit kang wus Sundhawuhake marang sira supaya aja sira pangan, mulane bumi kena ing ipat-ipat marga saka sira. Kalawan rekasa anggonira bakal mangan pametune ing sajegira urip.
18 Eri lan rerungkudan kang bakal diwetokake kanggo sira, sarta tetuwuhan ing bumi kang bakal dadi panganira.
19 Anggonira mangan rejeki bakal kalawan kringeten rainira, nganti tumeka sira bali marang bumi kang dadi asalira. Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu maneh.”
20 Anadene manungsa menehi jeneng Kawa marang sisihane, amarga iku dadi lajering sakehing ngaurip.
21 Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake.
22 Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika: “Lah ta, manungsa iku wus dadi pepadhaningSun, bisa ngawruhi kang becik lan kang ala. Kang iku aja nganti mulung tangane methil lan mangan wohing wit panguripan temah urip langgeng.”
23 Mulane banjur ditundhung dening Sang Yehuwah Allah saka ing patamanan Eden, kakarsakake ngolah bumi kang dadi asale.