5 nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.”
6 Wong wadon mau nuli weruh yen wit iku becik kanggo pangan lan katon nengsemake, lan maneh wit iku menginake, awit bisa ngolehake kapinteran; tumuli methil wohe lan mangan, kang lanang kang uga ana ing kono iya diwenehi lan iya banjur mangan.
7 Ing kono mripate wong loro mau padha kabuka, temahan padha sumurup yen wuda; mulane tumuli padha nggandheng-nggandheng godhong anjir kagawe awer-awer.
8 Sakarone bareng padha krungu sabawane tindake Sang Yehuwah Allah lumampah ing patamanan, mbeneri wayah sumiliring angin raina, manungsa lan kang wadon banjur padha ndhelik saka ing ngarsane Sang Yehuwah Allah, ana ing satengahe wit-witan ing patamanan.
9 Nanging Sang Yehuwah Allah tumuli nimbali marang manungsa, pangandikane: “Sira ana ing ngendi?”
10 Unjuke kang kadangu: “Kawula mireng swaraning tindak Paduka wonten ing patamanan, temah kawula ajrih, amargi wuda; pramila kawula lajeng ndhelik.”
11 Gusti Allah ngandika: “Sapa kang aweh weruh marang sira yen sira iku wuda? Apa sira mangan wohing wit kang Sunwalerake marang sira supaya aja sira pangan?”