25 Kacarita sawuse Rakhel nglairake Yusuf, Yakub banjur matur marang Pak Laban: “Kula panjenengan lilani mantuk dhateng tanah kalairan lan nagari kula.
26 Semah dalah anak-anak kula panjenengan paringaken, minangka pituwasipun anggen kula ngenger panjenengan, kula lajeng badhe mantuk, margi panjenengan sampun uninga piyambak anggen kula tumemen ngenger panjenengan.”
27 Nanging Pak Laban mangsuli marang Yakub: “Bok kowe gawe leganing atiku; aku wus niteni yen Pangeran Yehuwah mberkahi aku marga saka kowe.”
28 Pangucape Pak Laban maneh: “Tetepna dhewe buruhanmu pira kang kudu dakbayar, mesti bakal dakwenehi.”
29 Ature Yakub marang Pak Laban: “Panjenengan uninga piyambak, kadospundi anggen kula ngenger panjenengan, saha kadospundi kawontenaning raja-kaya panjenengan salebetipun kula jagi.
30 Awitdene kagungan panjenengan boten sapintena saderengipun kula dhateng, nanging sapunika sampun ngrebda sanget, saha Sang Yehuwah sampun mberkahi panjenengan sadangunipun kula wonten ngriki. Dados benjing punapa kula saged nyambut damel kangge brayat kula piyambak?”
31 Wangsulane Pak Laban: “Apa sing dadi panjalukmu marang aku?” Ature Yakub: “Panjenengan boten sisah maringi punapa-punapa dhateng kula, kula sagah ngengen saha rumeksa menda panjenengan sadaya malih, manawi panjenengan marengaken ingkang dados atur kula punika: