3 Ature Rakhel: “Lah punika Bilha rencang kula estri, sampeyan celaki, supados nglairaken anak ing pangkon kula, supados ngangsalaken turun dhateng kula.”
4 Bilha bature mau banjur diaturake Yakub supaya dadi somahe, iya kelakon dicedhaki.
5 Bilha banjur ngandhut sarta duwe anak lanang patutan saka Yakub.
6 Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.
7 Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.
8 Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.
9 Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.