32 Dinten punika kula badhe ngideri pepanthaning menda panjenengan sadaya, misahaken sadhengah menda ingkang tutul-tutul lan belang-belang; menda gembel ingkang cemeng, saha ingkang belang utawi tutul, punika dadosa gadhahan kula.
33 Sarta benjing katemenan kula badhe katitik, samangsa panjenengan niti priksa berahan kula: Sadaya menda ingkang boten tutul-tutul utawi belang-belang, saha menda gembel ingkang boten cemeng, punika kaanggepa anggen kula nyolong.”
34 Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”
35 Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.
36 Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.
37 Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.
38 Pang-pang kang wus diklokopi mau tumuli didokok ana ing kalenan lan papan pangomben, kang mesthi diparani dening wedhus-wedhus manawa arep ngombe, diprenahake ana ing ngarepe wedhus. Anadene wedhus mau lumrahe seneng jejodhoan yen ngarepake ngombe.