34 Pangucape Pak Laban: “Prayoga, tindakna kandhamu iku!”
35 Dina iku uga Yakub banjur misahake wedhus-wedhus lanang kang lorek lan kang belang, lan sakehe wedhus kang tutul-tutul lan belang-belang, sadhengah kang ana putihe, lan panunggalane wedhus gembel kang ireng; banjur padha dipasrahake marang anak-anake supaya dijaga.
36 Kajaba iku Pak Laban nemtokake pamanggone Yakub lete lakon telung dina. Yakub banjur ngengon wedhus-wedhuse Pak Laban kang kari.
37 Yakub banjur njupuk pange wit libnah, wit lus lan wit armon kang isih teles, padha diklokopi kulite nganti katon putihe dadi lorek-lorek.
38 Pang-pang kang wus diklokopi mau tumuli didokok ana ing kalenan lan papan pangomben, kang mesthi diparani dening wedhus-wedhus manawa arep ngombe, diprenahake ana ing ngarepe wedhus. Anadene wedhus mau lumrahe seneng jejodhoan yen ngarepake ngombe.
39 Yen wedhus-wedhus iku anggone jejodhoan cedhak karo pang-pang mau, anake banjur padha lorek-lorek, tutul-tutul lan belang-belang.
40 Cempe kang kaya mangkono mau banjur didhewekake, sarta panthane wedhus diadhepake marang kang lorek-lorek lan kang ireng ana ing antarane wedhuse Pak Laban. Mangkono anggone ngreka nglumpukake kewan-kewan kanggo awake dhewe, ora diworake karo pepanthane wedhuse Pak Laban.