4 Bilha bature mau banjur diaturake Yakub supaya dadi somahe, iya kelakon dicedhaki.
5 Bilha banjur ngandhut sarta duwe anak lanang patutan saka Yakub.
6 Rakhel tumuli ngucap: “Gusti Allah wus paring adil marang aku, lan wus nyembadani panyuwunku, diparingi anak lanang.” Mulane bocahe dijenengake Dhan.
7 Bilha bature wadon Rakhel mau ngandhut maneh, sarta nglairake anak lanang kang kapindho patutan saka Yakub.
8 Rakhel tumuli ngucap: “Dak temeni banget anggonku gelut karo mbakyuku lan aku kelakon menang.” Mulane bocahe mau dijenengake Naftali.
9 Bareng Lea weruh yen kandheg anggone nglairake anak, tumuli iya ngaturake bature wadon Zilpa marang Yakub supaya dadi somahe.
10 Lan Zilpa bature wadon Lea mau iya nglairake anak lanang patutan karo Yakub.