24 Nanging Gusti Allah ngrawuhi Pak Laban wong Aram sajroning pangimpen, dhawuhe: “Poma sira aja nguneni apa-apa marang Yakub sanadyan mung satembung bae!”
25 Nalika Pak Laban wus bisa nututi Yakub, Yakub bus nancebake tarube ana ing pagunungan; dene Pak Laban karo sanak kadange iya banjur padha nancebake tarube ana ing pagunungan Gilead.
26 Pak Laban tumuli ngucap marang Yakub: “Pratingkah apa kang koklakoni iki, dene kowe kok nglimpekake aku lan mboyongi anak-anakku kaya bandhangan perang?
27 Yagene kowe lunga ngglenes lan nglimpekake aku, yagene ora aweh weruh marang aku, supaya aku bisa nguntapake kowe kanthi suka-suka nganggo sesindhenan kalawan terbang lan clempung?
28 Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.
29 Aku iki bisa gawe cilakamu, nanging Gusti Allahe bapakmu dhek bengi wus ndhawuhi aku: Poma, sira aja nguneni Yakub sanadyan mung sakecap bae.
30 Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”