26 Pak Laban tumuli ngucap marang Yakub: “Pratingkah apa kang koklakoni iki, dene kowe kok nglimpekake aku lan mboyongi anak-anakku kaya bandhangan perang?
27 Yagene kowe lunga ngglenes lan nglimpekake aku, yagene ora aweh weruh marang aku, supaya aku bisa nguntapake kowe kanthi suka-suka nganggo sesindhenan kalawan terbang lan clempung?
28 Apamaneh aku ora nganti bisa ngambungi putu-putuku lanang lan anak-anakku wadon. Pratingkahmu mangkono iku ora patut.
29 Aku iki bisa gawe cilakamu, nanging Gusti Allahe bapakmu dhek bengi wus ndhawuhi aku: Poma, sira aja nguneni Yakub sanadyan mung sakecap bae.
30 Lah saikine, manawa kowe pancen kudu lunga, awit saka kangenmu marang omahe bapakmu, geneya kowe nyolong dewa-dewaku?”
31 Wangsulane Yakub marang Pak Laban: “Mila makaten, awit kula kuwatos, margi osiking manah kula: gek-gek panjenengan badhe ngrebat ingkang putra saking tangan kula?
32 Nanging soksintena ingkang kanggenan dewa panjenengan, punika sampun ngantos dipun gesangi. Sumangga panjenengan titi-priksa sadaya barang kula, dipun seksenana sanak kadang kita punika, kagungan panjenengan ingkang wonten kula, kula aturi mundhut!” Amarga Yakub ora weruh yen kang nyolong terafim iku Rakhel.