41 Ngantos kalih dasa taun anggen kula ngenger, ingkang sekawan welas taun anggen kula ngengeri putra panjenengan estri kekalih, ingkang nem taun supados angsal berahan raja-kaya, mangka berahan kula tansah panjenengan ewah-ewahi ngantos rambah kaping sadasa.
42 Saupami Allahipun bapa kula, Allahipun Eyang Abraham, sarta ingkang dipun eringi bapa kula Iskak boten nunggil kula, sapunika panjenengan tamtu ngesahaken kula kanthi legeh; nanging Gusti Allah sampun nguningani kasangsaran saha ngrekaos kula, saha sampun ndhawahaken karampungan kala wau dalu.”
43 Pak laban banjur mangsuli marang Yakub: “Wong wadon-wadon iku anakku lan bocah lanang-lanang kuwi putuku, apadene panthan wedhus iku iya panthanku, malah sabarang kang kokdeleng iki kabeh iya duwekku; saiki aku bisa nindakake apa marang anak-anakku lan bocah-bocah kang dilairake iku?
44 Mulane saiki ayo padha gawe prajanjian, aku lan kowe, supaya iku dadia waton ing antarane aku lan kowe.”
45 Yakub tumuli njupuk watu diadegake dadi tugu.
46 Sawuse mangkono Yakub banjur matur marang para kadang: “Sumangga sami nglempakaken sela!” Tumuli padha njupuki watu digawe tumpukan, banjur padha mangan ana ing sacedhake tumpukan mau.
47 Pak Laban anggone ngarani tumpukan watu mau: Yegar-Sahaduta nanging Yakub ngarani: Galed.