12 Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”
13 Ing wengi iku Yakub nginep ing papan kono.Sawuse mangkono nuli njupuk saperangane oleh-olehane kagawe atur-atur marang Esap rakane.
14 Wedhus wadon rong atus, wedhus berok lanang rong puluh, wedhus gembel wadon rong atus, kang lanang rong puluh.
15 Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anake, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.
16 Kabeh mau dipasrahake abdine supaya dijaga, saben sapantha dhewe-dhewe, karo padha diweling: “Kowe ndhisikana lakuku lan saben sapantha nganggoa dileti.”
17 Kang lumaku dhisik diweling mangkene: “Samangsa Esap kangmasku wus ketemu karo kowe lan kowe didangu: Sapa bendaramu, lan kowe padha arep menyang ngendi? Lan raja-kaya kang kokgiring iku duweke sapa?
18 Kowe nuli matura: Gadhahanipun abdi panjenengan Yakub, punika atur-aturipun ingkang kagem bendara kula Esap, lan abdi panjenengan piyambak wonten ing wingking kula.”