14 Wedhus wadon rong atus, wedhus berok lanang rong puluh, wedhus gembel wadon rong atus, kang lanang rong puluh.
15 Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anake, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.
16 Kabeh mau dipasrahake abdine supaya dijaga, saben sapantha dhewe-dhewe, karo padha diweling: “Kowe ndhisikana lakuku lan saben sapantha nganggoa dileti.”
17 Kang lumaku dhisik diweling mangkene: “Samangsa Esap kangmasku wus ketemu karo kowe lan kowe didangu: Sapa bendaramu, lan kowe padha arep menyang ngendi? Lan raja-kaya kang kokgiring iku duweke sapa?
18 Kowe nuli matura: Gadhahanipun abdi panjenengan Yakub, punika atur-aturipun ingkang kagem bendara kula Esap, lan abdi panjenengan piyambak wonten ing wingking kula.”
19 Batur kang kapindho lan katelu lan kabeh kang padha nggiring pepanthan mau iya padha diweling kaya mangkono uga, tembunge: “Kowe padha matura marang bendaraku Esap kaya mangkono mau, samangsa padha ketemu panjenengane.
20 Lan iya padha matura mangkene: Lah abdi panjenengan Yakub inggih wonten wingking kula.” Awitdene pangunandikane mangkene: “Atine daklilihne sarana atur-atur kang ndhisiki aku, sawuse mangkono daktemoni, bokmanawa aku ditanggapi klawan becik.”