20 Lan iya padha matura mangkene: Lah abdi panjenengan Yakub inggih wonten wingking kula.” Awitdene pangunandikane mangkene: “Atine daklilihne sarana atur-atur kang ndhisiki aku, sawuse mangkono daktemoni, bokmanawa aku ditanggapi klawan becik.”
21 Dadine atur-atur mau diaturake dhisik, nanging Yakub dhewe ing sawengi iku isih kari nginep ing tarube.
22 Bareng bengi Yakub tangi sarta ngajak somahe karo pisan, abdine wadon loro-lorone lan anake lanang sawelas banjur disabrangake ing kali Yabok.
23 Sawuse iku padha disabrangake, tumuli iya nyabrangake sabarang darbeke kabeh.
24 Mung Yakub kang kari dhewe. Dumadakan ana priya kang nggelut Yakub nganti tumeka bangun raina.
25 Bareng priya mau rumaos ora bisa ngalahake, tumuli mupuh cethike Yakub, temahan cethike kongsul sajrone gelut mau.
26 Priya mau banjur ngandika: “Wis, eculna aku, awit wus bangun raina!” Ature Yakub: “Paduka boten badhe kawula eculaken, manawi dereng maringi berkah dhateng kawula.”