3 Sawuse iku Yakub tumuli kongkonan ndhisiki lakune nemoni Esap, kangmase, menyang tanah Seir jajahan Edom.
4 Padha diweling mangkene: “Kowe padha matura marang bendaraku Esap mangkene: Aturipun abdi panjenengan Yakub: Kula sampun dados tiyang neneka wonten ing panggenanipun Bapak Laban, saweg mantuk sapunika.
5 Kaliyan malih kula sampun angsal lembu, kuldi, saha menda tuwin rencang jaler estri, wondene samangke anggen kula kengkenan punika perlu ngaturi uninga dhateng bendara, supados kula angsala sih wonten ngarsa panjenengan.”
6 Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.”
7 Ing kono Yakub wedi banget, lan atine miris, mulane para bature, wedhuse, sapine lan untane banjur diperang dadi rong pantha.
8 Osiking atine: “Saupama Esap teka nempuh kang siji nganti kalah, panthan kang kari isih bisa oncat.”
9 Yakub tumuli munjuk: “Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yehuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira,