6 Sabaline kongkonan banjur padha matur marang Yakub: “Kula sampun sami sowan dhateng ingkang raka Esap, saha panjenenganipun sampun bidhal kadherekaken tiyang sekawan atus perlu methuk panjenengan.”
7 Ing kono Yakub wedi banget, lan atine miris, mulane para bature, wedhuse, sapine lan untane banjur diperang dadi rong pantha.
8 Osiking atine: “Saupama Esap teka nempuh kang siji nganti kalah, panthan kang kari isih bisa oncat.”
9 Yakub tumuli munjuk: “Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yehuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira,
10 kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lepen Yarden punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangke sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.
11 Mugi kawula Paduka uwalaken saking tanganipun kakang kawula, saking tanganipun Esap, awitdene kawula ajrih dhateng piyambakipun, bokmanawi sadhatengipun lajeng mejahi kawula dalah para biyung saanak-anakipun.
12 Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”