9 Yakub tumuli munjuk: “Dhuh Allahipun embah kawula Abraham saha Allahipun bapa kawula Iskak, dhuh Yehuwah, ingkang sampun ngandika dhateng kawula: Sira muliha menyang tanahira marang sanak kadangira lan Ingsun bakal mbeciki sira,
10 kawula punika babar-pisan boten pantes manawi tampia sakathahing sih kadarman saha kasetyan ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng abdi Paduka, awit kala rumiyin nalika kawula nyabrang lepen Yarden punika namung mbekta teken kawula punika, mangka kawula samangke sampun ngrebda ngantos dados kalih pantha makaten.
11 Mugi kawula Paduka uwalaken saking tanganipun kakang kawula, saking tanganipun Esap, awitdene kawula ajrih dhateng piyambakipun, bokmanawi sadhatengipun lajeng mejahi kawula dalah para biyung saanak-anakipun.
12 Paduka rak sampun ngandika: Ingsun mesthi bakal mbeciki sira lan turunira bakal Sundadekake kaya wedhine sagara kang ora kena dietung marga saka akehe.”
13 Ing wengi iku Yakub nginep ing papan kono.Sawuse mangkono nuli njupuk saperangane oleh-olehane kagawe atur-atur marang Esap rakane.
14 Wedhus wadon rong atus, wedhus berok lanang rong puluh, wedhus gembel wadon rong atus, kang lanang rong puluh.
15 Unta wadon kang lagi nusoni telung puluh dalah anak-anake, sapi wadon patang puluh lan sapi lanang sepuluh, kuldi wadon rong puluh lan kuldi lanang sepuluh.