1 Yakub tumuli mulat lan banjur weruh Esap teka kairingake wong patang atus. Yakub banjur merang-merang anak-anake, saperangan kapasrahake marang Lea, saperangan marang Rakhel lan marang bature wadon sakarone.
2 Bature wadon lan anak-anake diprenahake ana ngarep, Lea lan para anake ana ing burine, Rakhel lan Yusuf ana ing buri dhewe.
3 Dene Yakub dhewe lumaku ana ing ngarepe sarta sumungkem ing bumi rambah ping pitu, nganti tekan ngarepe kangmase.
4 Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.
5 Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”