4 Esap tumuli mlayoni sarta Yakub dikekep, dirangkul gulune sarta diarasi, sakarone padha nangis.
5 Bareng Esap ndeleng para wong wadon lan bocah-bocah, banjur takon: “Kang padha melu kowe iku sapa bae?” Wangsulane Yakub: “Punika lare-lare peparingipun Gusti Allah dhateng ingkang abdi.”
6 Sawuse mangkono para batur wadon mau dalah para anake padha maju sujud.
7 Lea lan anak-anake iya maju lan sujud, wasana Yusuf lan Rakhel padha nyedhak lan tumelung.
8 Esap banjur takon: “Karepmu kapriye mungguh golongan kang kapethuk aku mau?” Wangsulane: “Punika supados kula angsal sih panjenengan.”
9 Nanging Esap celathu maneh: “Dhi, aku wus ora kekurangan, duwekmu lestaria dadi duwekmu dhewe.”
10 Yakub tumuli ngucap: “Sampun makaten ta, manawi kula sampun angsal sih wonten ngarsa panjenengan, mugi karsaa nampeni atur-atur kula punika saking tangan kula, awitdene sareng kula sumerep pasemon panjenengan, mangka panjenengan karsa nanggapi kula, punika prasasat kula sumerep wadananipun Gusti Allah.