1 Ing sawijining dina Dina anake wadon Lea patutan saka Yakub niliki bocah-bocah wadon ing nagara kono.
2 Bareng kapirsan Sang Sikhem putrane Sang Prabu Hemor, wong agung Hewi, raja negara kono, tumuli diplajengake lan ditunggil sare nganggo dirodapeksa.
3 Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.
4 Banjur matur marang kang rama Sang Prabu Hemor, ature: “Lare estri punika panjenengan dalem pundhut dadosa semah kawula.”
5 Anadene Yakub wus krungu yen Dina anake iku wus dirusuhi Sang Sikhem. Nanging anake lanang mbeneri lagi padha ngreksa raja-kayane ana ing ara-ara, dadine Yakub meneng bae ngenteni saulihe.
6 Sang Prabu Hemor ramane Sang Sikhem, tumuli miyos manggihi Yakub karsa rerembagan.