10 Kula aturi dedalem sesarengan kaliyan kula, sawontenipun tanah kula sumanggakaken, kula aturi dedalem ing ngriki, kula aturi ndlajahi nagari punika kanthi merdika, saha kula aturi tetep dedalem wonten ngriki.”
11 Sang Sikhem banjur ngandika marang bapakne lan para sadulure Dina: “Kula mugi angsala sih wonten ngarsa panjenengan, kula badhe ngaturaken punapa ingkang panjenengan pundhut.
12 Sanadyan panjenengan ngarsakaken arta tumbasan lan arta sasrahan pinten kemawon kathahipun, badhe kula caosi manut sapamundhut panjenengan, namung larenipun estri mugi panjenengan paringaken dadosa semah kula.”
13 Anak-anake Yakub banjur matur marang Sang Sikhem lan Sang Prabu Hemor nganggo dijlomprongake, marga Dina sadulure wus dirusuhi Sang Sikhem,
14 ature mangkene: “Kawula sami boten saged nglampahi ingkang kados makaten punika, dene ngulungaken adhi estri dhateng priya ingkang boten supit, margi punika satunggaling kanisthan tumrap kawula sadaya.
15 Namung kemawon kawula inggih kedugi minangkani pamundhut dalem, anggeripun panjenengan dalem sami nglampahi kados kawula makaten, inggih punika: sadaya tiyang jaler panunggilan dalem samia dipun supiti.
16 Manawi sampun makaten, anak-anak kawula estri badhe kawula aturaken dhateng bangsa dalem, sarta kawula sami badhe mendhet anak-anakipun estri bangsa dalem; kawula badhe manggen tunggil kaliyan panjenengan dalem, sami dados bangsa satunggal.