28 Wedhuse, sapine, kuldine apadene samubarang kang ana jero lan jaban kutha padha digawani,
29 karodene sakehe kasugihane, kabeh anake lan wong wadon padha ditawan, sarta samubarang kang ana jero ngomahe iya dirayah kabeh.
30 Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”
31 Ature kang didukani: “Kenging punapa adhi kula kok dipun garap kados tiyang estri tunasusila?”