1 Gusti Allah banjur ngandika marang Yakub: “Sira tata-tataa lan mangkata menyang Betel, manggona ana ing kono lan gawea misbyah konjuk marang Gusti Allah kang wus ngatingal marang sira, nalika sira ngungsi saka ngarepe Esap kakangira!”
2 Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!
3 Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel, ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Gusti Allah, kang wus nyembadani marang aku ing dina karubedanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah.”
4 Wong-wong banjur masrahake marang Yakub sakehing dewa asing kang didarbeki, mangkono uga anting-anting kang ana ing kupinge, sarta banjur dipendhem dening Yakub ana ing ngisore wit gedhe sacedhake Sikhem kono.