19 Mangkono anggone Rakhel tinggal donya, banjur kakubur ana sapinggiring dalan kang anjog ing Efrata, yaiku Betlehem.
20 Yakub ngadegake tugu ing kuburane, iya iku tengerane kuburane Rakhel nganti saprene.
21 Sawuse iku Israel tumuli budhal sarta nancebake tarube ana ing sabrange Migdal-Eder.
22a Nalika Israel lereb ana ing kono, kelakon Ruben amor turu karo Bilha, selire bapakne, mangka prakara iku keprungu Israel.
22b Anadene anake Yakub kang lanang iku ana rolas.
23 Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.
24 Anake Rakhel: Yusuf lan Benyamin.