21 Sawuse iku Israel tumuli budhal sarta nancebake tarube ana ing sabrange Migdal-Eder.
22a Nalika Israel lereb ana ing kono, kelakon Ruben amor turu karo Bilha, selire bapakne, mangka prakara iku keprungu Israel.
22b Anadene anake Yakub kang lanang iku ana rolas.
23 Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.
24 Anake Rakhel: Yusuf lan Benyamin.
25 Anake Bilha bature wadon Rakhel: Dhan lan Naftali.
26 Anake Zilpa bature wadon Lea: Gad lan Asyer. Iku kabeh anake lanang Yakub kang kalairake ana ing Padan-Aram.