1 Iki turune Esap, yaiku Edom.
2 Esap iku golek jodho wong wadon Kanaan, yaiku: Ada, anake Elon wong Het lan Oholibama, anake Ana, anake Zibeon wong Hewi,
3 lan Basmat, anake Ismael adhine Nebayot.
4 Ada mau anak-anak Elifas patutan saka Esap, lan Basmat anak-anak Rehuel.
5 Sarta Oholibama anak-anak Yeusy, Yaelam lan Korakh. Iya iku para anake Esap kang laire ana ing tanah Kanaan.
6 Esap tumuli mboyongi para somahe, anak-anake lanang lan wadon sarta sabrayate kabeh, raja-kayane, kewane lan sabarang darbeke oleh-olehane ana ing tanah Kanaan, banjur lunga menyang nagara liya pisah karo Yakub adhine.
7 Marga raja-darbeke sakaro-karone iku akeh banget, njalari ora bisa awor pamanggone, tanah pamanggone neneka iku ora nyukupi awit saka kehing raja-kayane.