10 Iki jenenge para anake Esap: Elifas, anake Ada, somahe Esap, Rehuel anake Basmat somahe Esap.
11 Anake Elifas yaiku: Teman, Omar, Zefo, Gaetam lan Kenas.
12 Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.
13 Para anake Rehuel yaiku: Nahat, Zerakh, Syama lan Miza. Iku para putune Basmat somahe Esap.
14 Iki para anake Oholibama, somahe Esap, anake Ana anake Zibeon; iku nglairake anak patutan karo Esap, yaiku: Yeusy, Yaelam lan Korakh.
15 Iki pratelane para panggedhening taler-taler turune Esap: Elifas anake pembarep Esap nurunake panggedhening golongan Teman, golongan Omar, golongan Zefo lan golongan Kenas,
16 Panggedhening golongan Korakh, golongan Gaetam lan golongan Amalek: iku para panggedhening golongan Elifas ing tanah Edom, iku turune Ada.