17 Dene para turune Rehuel anake Esap yaiku: panggedhening golongan Nahat, panggedhening golongan Zerakh, panggedhening golongan Syama lan panggedhening golongan Miza. Iku para panggedhening golongan anake Rehuel ana ing tanah Edom; iku mau padha turune Basmat somahe Esap.
18 Iki para anake Oholibama somahe Esap: Panggedhening golongan Yeusy, panggedhening golongan Yaelam, panggedhening golongan Korakh; iku kabeh para anake Oholibama somahe Esap anake Ana.
19 Iku mau padha turune Esap, yaiku Edom lan iku para panggedhening golongan-golongane.
20 Iki anak-anake Seir wong Hori, wong bumi kono: Lotan, Syobal, Zibeon lan Ana.
21 Disyon, Ezer lan Disyan, iku mau panggedhening golongan Hori, anake Seir ana ing tanah Edom.
22 Anak-anake Lotan yaiku Hori lan Heman, sadulure Lotan kang wadon yaiku Timna.
23 Iki anak-anake Syobal: Alwan, Manahat, Ebal, Syefo lan Onam.